Senin, 17 Desember 2012

Uripku....anaku....

anak, due anak kue hal sing paling de tunggu-tunggu sewise mbojo.
anak kue rejeki, anak kue titipan kang gusti alloh.
alhamdulillah, sewise 9 wulan anak'q lair.
lair nang bulan Februari lan tanggale 14, tahun 2012.
dina kasih sayang, vallentine. 


















alhamdulillah lair normal lan de jenengi "Arleen Luvena Wiputri"
  • Arleen kue artine ikrar
  • Luvena kue artine cinta
  • Wiputri kue artine putri kita
do'a sekang wong tuane, moga-moga dadi anak sholehah, berbakti ming wong tua, sehat terus, dadi wong sing berguna nggo bangsa, agama, lan negara. amin.

siki anak'q wis 10 bulan, alhamdulillah sehat terus, ceria, pinter.

kie loo foto-fotone :

 
'bondoan pink'

 'cantike pundi?'
  'ana mercoon'

  'bubuan yuuh...'





   

Minggu, 16 Desember 2012

latian ngetik 10 jentik buta


nek pengen bisa ngetik 10 jentik buta pertama kudu dipaksa. kukune de ketoki, aja ngasi ana sing dawa-dawa, sebabe merekna nyantel/nylesep nang njero keyboard, kue sing menghambat ketik cepet.

kie contoh gambar posisi tangan lan jentik sing bener.


Tangan kiwe
  • jentik cilik : posisi awale kue nang huruf A, terus nggo mencet huruf Q lan Z.
  • jentik kelingking : posisi awale kue nang huruf S, terus nggo mencet huruf W lan X.
  • jentik tengah: posisi awale kue nang huruf D, terus nggo mencet huruf E lan C.
  • jentik telunjuk : posisi awale kue nang huruf F, terus nggo mencet huruf R,V,G,T, lan B.  


 Tangan tengen

  • jentik cilik : posisi awale kue nang : ; (titik loro, titik koma), terus nggo mencet huruf P lan ?/ (tanda takon, garis miring).
  • jentik kelingking : posisi awale kue nang huruf L, terus nggo mencet huruf O lan >. (lewih gede sekang, titik).
  • jentik tengah: posisi awale kue nang huruf K, terus nggo mencet huruf I lan <, (lewih cilik sekang, koma).
  • jentik telunjuk : posisi awale kue nang huruf J, terus nggo mencet huruf U,M,Y,H, lan N. 

latian ngetik 10 jentik buta kue pancen angel nek ra de niati, posisi jentik kudu balik ming posisi awal. nek wis teyeng ngetik 10 jentik buta kue seneng lo, ngetik apa bae kue dadi cepet, karo merem be teyeng. hehehehe....
so...kudu de jajal, lan semangaatt...!! 

gawe kreasi flanel

'angry bird'
karya pertama'q gawe angry bird, sing design gambar kue bojoku.
karna enyong ora tuku kain sing warna kuning, dadi cucuke tek warnani ijo.
seanane kain.. hihihihi....
tapi menurutku lumayan apik, karna tembe pertama gawe be hasile kaya kue.. (pede jreng). hehehehe... 



siapna :
1. kain flannel warna abang, ijo/kuning, putih, ireng.
2. gunting
3. lim, aku nganggone lim uhu
4. dom
5. benang
6. slusupan (alat nggo nglebokna benang ben cepet)
7. kapas utawa dakron
   

cara gawene :
1. gambar pola angry bird
2. potong pola sesuai kebutuhane (awak, buntut, alis, mripat gede, mripat cilik, cucuk gede (segitiga), cucuk cilik, jenggot)
3. jahit nganggo tusuk feston pinggir awake, terus de lim nggon buntute, aja kelalen lewiih bolongan nggo nglebokna dakrone/kapase.
4. tempelna matane, alis, cucuk lan jenggote.

rampuuuung, gampang kan...
ora nana kata-kata angel nek dwek gelem berusaha...
kie kreasi flannelku sing liyane

 'angry bird wadon'
 'tawon'
 'kudungan'
 'wadon bondoan'
 'wadon gandengan'