'angry bird'
karya pertama'q gawe angry bird, sing design gambar kue bojoku.
karna enyong ora tuku kain sing warna kuning, dadi cucuke tek warnani ijo.
seanane kain.. hihihihi....
tapi menurutku lumayan apik, karna tembe pertama gawe be hasile kaya kue.. (pede jreng). hehehehe...
siapna :
1. kain flannel warna abang, ijo/kuning, putih, ireng.
2. gunting
3. lim, aku nganggone lim uhu
4. dom
5. benang
6. slusupan (alat nggo nglebokna benang ben cepet)
7. kapas utawa dakron
cara gawene :
1. gambar pola angry bird
2. potong pola sesuai kebutuhane (awak, buntut, alis, mripat gede, mripat cilik, cucuk gede (segitiga), cucuk cilik, jenggot)
3. jahit nganggo tusuk feston pinggir awake, terus de lim nggon buntute, aja kelalen lewiih bolongan nggo nglebokna dakrone/kapase.
4. tempelna matane, alis, cucuk lan jenggote.
rampuuuung, gampang kan...
ora nana kata-kata angel nek dwek gelem berusaha...
kie kreasi flannelku sing liyane
'angry bird wadon'
'tawon'
'kudungan'
'wadon bondoan'
'wadon gandengan'
Tidak ada komentar:
Posting Komentar